Ticker

6/recent/ticker-posts

TULADHA ATUR PAMITAN LAMARAN


wong JAWA - PIDATO JAWA - Dalam acara melamar (lamaran) atau meminang calon temanten dengan tata cara adat Jawa biasanya diawali dengan acara pasrah lamaran, panampi pasrah lamaran. Dan setelah kedua acara tersebut berjalan dan diterima dengan baik oleh kedua belah pihak, maka dilanjutkan acara pamitan lamaran. Berikut ini adalah contoh Pidato Bahasa Jawa dalam acara Pamitan Lamaran.

TULADHA ATUR PAMITAN LAMARAN


Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapadene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Atur Pamit Lamaran
Atur Pamit Lamaran

Ngaturaken sewu agunging aksama, dene kula parikedah angridhu angen panjenengan katemben wawan pangandikan, saperlu sumela atur ing ngarsanipun Bp. ........................................ sekalihan (ingkang mengku gati) sumarambah para tamu sedayanipun.

Puji syukur Alhamdulillah, adicara pasrah lamaran sampun kalampahan kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala, inggih awit saking rahmating Gusti ingkang Maha Mirah saha Maha Asih, punapadene pangestunipun para tamu sutresna sadaya.

Kula ingkang piniji minangka talanging basa sulih sarira saking panjenenganipun Bp. ....................... sekalihan, rehning adicara pasrah sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi, samudayanipun sampun paripurna boten kirang satunggal punapa, mugi kalilanana kula sapangombyong keparenga nyuwun pamit madal pasilan, daya-daya matur ing ngarsanipun Bp. .............................. sekalihan, bab purnaning sadaya ingkang dados sesanggeman kula. Ingkang punika nyuwun tambahing puji pangestu, mugi-mugi lampah kula sarombongan tansah manggih rahayu wilujeng kalis ing rubeda saking pringga bayaning marga.


Minangka puputing atur, hambok bilih anggen kula matur wonten tutur ingkang kalantur-lantur miwah kiranging subasita ingkang mboten hanuju prana, kula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.


Akhirul kalam, billahit taufik wal hidayah
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.

Post a Comment

0 Comments