Ticker

6/recent/ticker-posts

TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN

Pasrah Lamaran
Pasrah Lamaran
uwong JAWA - PIDATO JAWA - Adat atau budaya Jawa ternyata tak lapuk ditelan kemajuan jaman modern sekarang ini. Hal ini bisa kita lihat disetiap acara hajatan seseorang kebanyakan masih mengguakan tradisi Jawa atau Kejawen.

Acara-acara hajatan baik sunatan atau khitan, kelahiran bayi atau sepasaran bayi, apalagi acara pernikahan atau ngantenan (pengantin) mayoritas masih menggunakan tradisi kejawen atau adat Jawa.

Ironisnya kaum muda sekarang ini sudah jarang yang mau mempelajari tentang kabudayan Jawi. Mereka lebih suka mengikuti tren budaya modern yang kebarat-baratan, sehingga budaya sendiri budaya Jawa yang adi luhung menjadi terasing di rumah sendiri.

Seperti sering kita jumpai anak jaman sekarang (kids jaman now) mengucapkan, menulis, dan berbicara menggunakan bahasa Jawa banyak yang tidak benar. Untuk itu TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN kami hadirkan dengan maksud dapat digunakan sebagai contoh atau acuan kita belajar berpidato dengan bahasa Jawa dalam acara menerima pinangan pernikahan. Artikel ini merupakan jawaban dari TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN.


TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN

Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun Bp. ............................................ (ingkang pasrah) ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp. ............................. sekalihan garwa (badhe/calon besan) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Pasrah Lamaran
Pasrah Lamaran
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit awrat anggen kula mradapa keparengipun Bp. ................................. sarimbit garwa (ingkang mengku gati), kula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bp. ..................................... sekalihan, lumantar panjenenganipun Bp. ...................... (ingkang pasrah).

Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadan karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.

Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan sampun kula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.

Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, ugi sampun kula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp. ................................. sekalihan (inkang mengku gati). Boten kekilapan panjenenganipun Bp. .................................... sekalihan, namung ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bp. .................................... sekalihan (ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Amung semanten panampi saking Bp. .................................... sekalihan (ingkang mengku gati) lumantar kula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bp. ............................................ sekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) wontena suka lilaning panggalih hajenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih menawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen kula nampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak-ganyuking wicara, cawuh kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.

Lihat juga Video Adicara Krobongan

Akhirukalam, billahit taufik wal hidayah
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.

Post a Comment

2 Comments

  1. Maturnuwun, nyuwun sewu nderek nyecep ilmunipun mugi pinaringan berkah

    ReplyDelete
    Replies
    1. Mangga bapak Al Faqir, matur suwun sampun kersa pinarak mriki.

      Delete

Matur sembah nuwun sampun kersa pinarak. Remen Boten Remen Tetep MATUR NUWUN.