Ticker

6/recent/ticker-posts

Lirik Lagu Bawa Nyidra Asmara Ula Tampar

 

Ula Tampar - Umi Hafifah

uwong JAWA - Lirik Lagu - Berikut kami sampaikan cakepan Bawa Pangkur Nyidra Asmara dan lirik lagu tembang langgam Ula Tampar ciptaan H. Sukron Suwondo, yang dinyanyikan oleh sindhèn cantik Madhangkara Umi Hafifah.

BAWA PANGKUR NYIDRA ASMARA
Methik sari Anglingdarma
Ana crita tingkahé ula kalih
Ingkang samnya cumbu rayu
Jenengé ula Tampar
Wani nggonjak garwané sang Maha Wiku
Anenggih sang Naga Raja
Sesilih Nyi Nagagini

LANGGAM ULA TAMPAR
Jenengé Nyi Nagagini
Garwané Sang Resi Nagaraja
Mung émané
Wani slingkuh lan ula liyané

Ula Tampar kurangajar
Nagagini asring diparani
Angon léna
Ula mbeling nyai trus dililing

Cumbu rayu
Wit jam wolu nganti mèh jam telu
Nyuntak nafsu
Jriting kalbu ra dirungu

Konangan Sri Anglingdarma
Ula Tampar nglilit Nagagini
Ula mbeling
Gulu nggo liwat jemparing


Post a Comment

0 Comments