Ticker

6/recent/ticker-posts

Bawa Dan Lirik Cakepan SAMBUNG WANCI DALU

 

Sambung Wanci Dalu - Dyajeng Candra Mulya & Winong Nawangsih

uwong JAWA - Lirik Lagu - Berikut kami sampaikan Bawa beserta cakepan atau lirik lagu dari tembang langgam "Sambung Wanci Dalu" yang dinyanyikan oleh Sindhèn Cantik Madhangkara Dyajeng Candra Mulya dan Winong Nawangsih.

BAWA DHANDHANGGULA SAMBUNG WANCI DALU

Senadyanta tangkep bumi langit

Prasetyaku tan ginggang sarikma

Lan Nimas kang nggemesaké

Yekti pingin tak tembung

Ning kakungmu tan lila mesthi

Kandheking panggrahita

Angèl nggonku muwus

Yèn rina banget nglengkara

Genti yayi sambunga ing wanci ratri

Pun kakang dhatan néndra


Cakepan / Lirik Lagu Tembang Langgam SAMBUNG WANCI DALU

Sing gedhé pangapuramu

Kangmas pepujanku jejantung atiku

Sambungku mung wanci dalu

Ngrubeda sarému kelawan garwamu

Kangmas kang mratitisaké

Murih lestariné HP pirantiné

Tan ana ingkang nyeruwé

Ya mung akibaté aku ra mbayangké

Remuking atiku iki

Yèn banjur ngèlingi bocah telu iki

Apa tenan sida dadi

Cah telu ndak kanthi, ndika pa gemati?

Méndahbaya yènta sida

Urip lan andika mesthi bagya mulya

Njur lahir putri sulistya

Tur bisa nyuwara ndika kang wèh srana


Simak videonya di : Sambung Wanci Dalu Diajeng Winong

Post a Comment

0 Comments