Ticker

6/recent/ticker-posts

TEMBUNG DASANAMA

Dasanama
Dasanama Kembang
uwong JAWA - KAWRUH JAWA - Tulisan kali ini merupakan lanjutan postingan yang lalu tentang Saptawara, Pancawara, dan Dasanama.

Apakah dasanama itu? Dasanama adalah kata lain yang mempunyai arti atau makna sama. Dalam bahasa Indonesia disebut persamaan kata atau sinonim.


Menurut asal katanya, dasanama terbentuk dari kata "dasa" artinya sepuluh, dan "nama" (baca:nomo) artinya asma atau nama. Namun tidak lantas setiap kata memiliki dasanama sejumlah sepuluh kata. Berikut dasanama yang dapat kami tulis:

Abang : rekta, abrit, mirah.
Aku : Amba, ingong, ingwang, ulun, ingsun, kawula, patikbra, manira, robaya.
Allah : Hyang Widhi, Hyang Manon, Hyang Maha Kawasa, Hyang Maha Asih, Hyang Maha Agung, Hyang Murbeng Jagad, Hyang Maha Adil, Hyang Akarya Jagad, lsp.
Alus : mardu, mardawa, tanu.
Ambegan : napas, huswa, swasa, huswasa.
Anak : suta, sunu, siwi, atmaja, putra, weka, tanaya.
Angin : riwut, bajra, sindhung, bayu, samirana, wirayang.
Asor : dana, sudra, ina, nistha, papa.
Ati : tyas, driya, prana, kalbu, nala, galih, wardaya.
Awak : salira, sarira, badan, lingga, angga, dhiri, raga, tubuh.
Awan : rahina, rina, siyang.

Bagus : sigit, pekik, respati, jenthara.
Banyu : tirta, we, her, warih, sindu, jahnawi, udaka, jala, ranu.
Bapa : rama, yayah, sudarma, bapak.
Becik : tarma, adi, luhung, yogya, endah, edi, peni.
Beda : benten, waneh, beneh, seje, liya, pae.
Bengi : ratri, dalu, wengi.
Bojo : garwa, somah, semah, kucumbi, kalulut.
Bumi : bantala, pratala, kisma, pratiwi, buwana, mandhala.
Bungah : gembira, wijah, enggar, girang, lalita, trustha, harsaya, seneng.

Cangkem : lisan, tutuk, nana, waktra, cocot.
Dhampar : amparan, padmasana, singangsana, palangka, patarana.
Dhewe : priyangga, juga, anggana, pribadi.
Dhuwit : arta, ardana, picis.
Dina : ari, wara.
Emas : kencana, rukma, rukmi, jene, lancana.
Endah : raras, senen, resmi, listya, wicitra.
Gawe : yasa, karya, kardi, karti, kirtya.
Geni : latu, api, agni, dahana, brama, pawaka, bahni.
Gulu : jangga, tenggak, lungaya.
Gunem : wuwus, wacana, wicara, ujar, sabda, ngling.
Gunung : wukir, ardi, giri, ancala, arga, parwata, prabata, aldaka, meru.

Ibu : bitung, biyang, wibi, umi, rena, puyengan.
Ijo : wilis, ijem.
Ilat : lidhah, jihwa.
Inten : retna, sotya, nila, kumala, manik.
Ireng : langking, kresna, cemeng.
Irung : grana, nasika, parsana.
Jagad : buwana,alam, ndonya, marcapada, janaloka, manuswapada.
Jeneng : asma, aran, nama, wewangi, kekasih, jejuluk, peparab, awasta, sesilih, bebisik, tengeran, sambat.
Kabeh : sanggya, sagung, sawegung, sadarum.
Kasmaran : kasemsem, kayungyun, kedanan, gandrung, wuyung, wulangun, turida.
Katon : kawistara, kawuryan, kawangwang, ketok, kasatmata, keksi, kengis.
Kaya : kadya, kadi, lir, pindha, yayah, pendah.
Kembang : kusuma, puspa, puspita, sekar, sari, padma.
Keris : curiga, dhuwung, wangkingan, katga, suduk, patrem.
Kondhang : miswuwur, kaloka, kawentar, kasura, kasub, kongas, komuk, kombul, kajanapriya kaonang-onang.
Kongkonan : duta, caraka, cundaka, gandhek.
Kulit : kusika, kumara, carma.
Kuning : pita, jenar, punar, gadhing.
Kuping : talingan, karna, karni.

Lambe : lathi, bibir, kalpija
Lan : lawan, kalawan, kalayan, tuwin, saha, miwah, sarta, myang.
Lanang : priya, jalu, jaler, kakung.
Langit : akasa, awiyat, tawang, dirgantara, gegana, antariksa, jumantara, ambara.
Lara : sakit, gerah, wikara, rapuh, roga, agring, marana.
Layang : nawala, kintaka, pustaka, patra, walgita, wilapa, serat.
Lawang : wiwara, dwara, kori, konten.
Lintang : kartika, taranggana, bintang, wintang, sasa, sudama.
Lunga : mentar, mendra, linggar, anis, angles.
Lungguh : lenggah, sila, satata, pinarak.
Mata : mripat, aksa, eksi, soca, caksa.
Mati : lalis, lena, palastra, antaka, pralaya, murud, seda, pejah.
Nalika : kala, rikala, tatkala, duk.
Nganggit : angripta, angrumpaka, anggubah, anukarta, anggupita, nawunggita.
Nyembah : ngaraspada, mangestupada, mangarcana.
Nyunggi : ngemban, mundhi, nuhun.

Pakurmatan : pangastawa, astuti, panakrama, kastawa.
Pamulangan : pawiyatan, pracabakan, kartawaran.
Panengah: pamadya, pamade, wirun.
Pangan : bukti, boja, baksa, boga.
Pangarep : pangajeng, pangarsa, pangayun, pramuka, pramugari, kretawadana.
Paturon : pagulingan, papreman, tilam, gupit.
Paweh : wilasa, nugraha, parman, pitedhan.
Pinter : nimpuna, widagda, guna, putus, wicaksana, wignya, lebda, limpat.
Pitutur : warsita, warah, wursita, darma, wasita, wuruk.
Prawan : rara, kenya, dara.
Putih : seta, dawala, pethak, pingul.
Rai : pasuryan, praupan, muka, wadana.
Ratu : aji, dipa, raja, nara, narendra, nararya, naranata, buminata, maharaja, prabu.
Rembulan : wulan, sasi, candra, badra, basanta, kirana, soma, sitaresmi, sitakara, sasadara.

Sadulur : kadang, warga, wandawa, sudara, jalu, sadherek.
Sagara : samudra, jalanidhi, jaladri, tasik, udadi, saganten.
Sandhangan : panganggo, busana, agem-ageman, wastra.
Sikil : suku, pada, samparan, sampeyan.
Sirah : murda, mustaka, utamangga, kumba, kepala, ulu, thothok, pathak, endhas, raksi.
Slamet : sugeng, basuki, rahayu, raharja, yuwana.
Srengenge : rawi, radite, raditya, bagaskara, surya, arka, bagaspati, pratanggapati.
Tangan : asta, lungayan, buja, bujaka.
Turu : guling, nendra, mrem, tilem, sare.
Tuwa : wredha, sepuh, jimbun.
Untu : denta, danta, waja, udaka.
Wadon : wanita, dyah, juwita, wanodya, pawestri, dayinta, rini, putri.
Wangi : amrik, arum, sumrik
Waras : saras, mari, waluya, pulih, dhangan
Wektu : wayah, wanci, wekdal, kala, mangsa, ungsum.
Weruh : anon, uninga, wikan, upiksa, upiksi, udani, wrin.
Weteng : padharan, garba, udara.
Wong : tiyang, jalma, janma, nara, jana, manungsa, manusa, manuswa.

Simak juga: DASANAMA TOKOH WAYANG



Post a Comment

2 Comments

  1. Wulucumbu yakui dasanamane kanggo

    ReplyDelete
    Replies
    1. Wulucumbu iku padha karo klangenan. Kaya dene manuk kang wus cumbu mesthi dadi klangenan.

      Delete

Matur sembah nuwun sampun kersa pinarak. Remen Boten Remen Tetep MATUR NUWUN.