Ticker

6/recent/ticker-posts

DASANAMA TOKOH WAYANG

Dasanama tokoh wayang
Dasanama Tokoh Wayang

uwong JAWA - Kawruh Jawa - Postingan kali ini merupakan lanjutan dari Tembung Dasanama secara umum. Dasanama yaiku tembung liya kang duweni arti utawa makna padha. Dasanama Tokoh Wayang berarti nama-nama lain yang dimiliki oleh seorang tokoh dalam pewayangan. oke langsung saja simak beberapa nama tokoh wayang di bawah ini.

DASANAMANE

 1. ABIMANYU

Raden Abimanyu duweni jeneng liya yaiku: Pangaribawa, Bambang Pengalasan, Angka Wijaya, Parta Tanaya, Palguna Putra, Tanjung Anom.

2. ANOMAN

Raden Anoman utawa Hanoman (Si Kethek Putih) duwe jeneng liya yaiku: Anjani Putra, Kapiwara, Rewandapingul, Wanara Seta, Senggana, Rama Handayapati.

3. BATHARA GURU

Bathara Guru duweni jeneng liya yaiku: Sang Hyang Jagad Girinata, Pukulun Pramestri, Ciwa Mah Dewa.


4. DASAMUKA

Prabu Dasamuka duweni aran utawa jeneng liya yaiku: Rahwana Raja, Gudhakumara.

5. DURYUDANA

Prabu Duryudana duweni jeneng liya yaiku: Kurupati, Suyudana, Gendari Suta, Jakapitana, Tri Panangsah, Pambangun Kuru, Kurendra Pati.

6. GATHOTKACA

Raden Gathotkaca duwe aran yaiku: Purbaya, Kaca Negara, Tetuka, Kerincing Wesi, Bima Suta, Harimbyatmaja.

7. JANAKA

Raden Janaka duweni jeneng aran liya yaiku: Arjuna (Harjuna), Premadi, Margana, Dananjaya, Mintaraga, Cipta Hening, Prabu Kariti, Kendhi Tatnala, Palguna, Kombang Ali-Ali, Jlamprong, Pandhu Putra, Endra Tanaya, Wijanarka.

8. KRESNA

Prabu Kresna duwe jeneng liya yaiku: Nayanara (Narayana), Padmanaba, Wresinira, Ari Murti, Basudewa Putra, Narasinga.

9. PUNTADEWA

Prabu Puntadewa duweni aran: Yudhistira, Dwijakangka, Gunatali, Ajata Satru, Krama.

10. SEMAR

Ki Lurah Semar duweni jeng liya yaiku: Ismaya, Badranaya, Nayantaka, Sukma Sejati, Ekolaya.
Simak juga: Mengenal Tokoh Semar.

11. WERKUDARA

Raden Werkudara duwe jeneng liya yaiku: Bayu Suta, Bayu Putra, Arya Panenggak, Bratasena, Bima, Jagal Bilawa, Wijasena.

Post a Comment

2 Comments

Matur sembah nuwun sampun kersa pinarak. Remen Boten Remen Tetep MATUR NUWUN.