Ticker

6/recent/ticker-posts

Pitutur Luhur Orang Tua

Pitutur Luhur Orang Tua
Pitutur Luhur Orang Tua
uwong JAWA - Kawruh Jawa - Pitutur Luhur Orang Tua maksudnya adalah petuah atau nasihat kebaikan dari orang tua terhadap anaknya. Apa saja nasihat-nasihat orang tua terhadap anaknya tersebut? Berikut kami sampaikan kata-kata bijak orang tua terhadap anaknya dalam puisi bahasa jawa.

PITUTUR LUHUR ORANG TUA/PINISEPUH


Manungsa kuwi tinitah padha, nanging yen urusan bandha dijatah beda. Mula manungsa iku wajibe padha ngupaya kalawan ndedonga, entuk rejeki sepira wae atine sing narima, ura usah meri karo kanca.

Aja nggresula mundhak gelis tuwa, wong yen narima uripe bakal dawa, wong sulaya uripe bakal rekasa. Wong sabar rejekine bakal jembar, wong sing gelem ngalah uripe bakal barokah. Sapa sing jujur uripe bakal makmur, sapa sing tlaten tembe mburi bakal panen, wong sing sombong uripe bakal kobong.

Akeh wong kang setres janjane amarga uripe ora beres. Rina wengi amung mburu donya nganti lali karo agama. Jamane pancen wis jaman tuwa, akeh manungsa angel ditata nganggo tuntunan agama. Senengane malah padha ngumbar dosa. Tumindak dosa saben dina nganti ora krasa. Ora ketara, nanging suwe-suwe dadi cetha. Tumindak dosa sing dilakoni saben dina kadhang-kadhang ora krasa merga pancen kulina gawe dosa. Sing padha ngati-ati lan waspada menawa sira ngobrol karo kanca, ngrasani tangga, nggujah alane wong liya, ora rumangsa janjane awake lagi gawe dosa.


Ayo mumpung durung telat, enggal-enggal padha tobat. Tinimbang mbesuk neng akherat sira bakal nampa adzab. Senajan dosa sepele nanging gedhe akibate marang awake dhewe. Mumpung isih urip ngibadahe sing tertib, ngelingana yen wis mati ora bakal bisa bali. Mumpung isih waras, ngibadaha kanthi ikhlas. Mumpung isih longgar, ngibadaha kanthi sabar. Ngelingana yen wis repot, ngibadah rasane abot. Ngelingana yen lagi lara, ora bisa apa-apa.

Demikian pitutur luhur orang tua, semoga bermanfaat.

Post a Comment

0 Comments