Ticker

6/recent/ticker-posts

Geguritan Jawa | Labuh Labet Ing Kamardikan

 

Farros Dava & Chanda Dahayu
Labuh Labet Ing Kamardikan


uwong JAWA - GEGURITAN - Geguritan Jawa dengan judul "Labuh Labet Ing Kamardikan" karya Yheni Tunggal Mring Astuti ini dipersembahkan untuk para pahlawan pejuang bangsa yang telah bersusah payah berjuang dalam meraih kemerdekan bangsa Indonesia. Geguritan Jawa ini dibacakan oleh Farros Dava dan Chanda Dahayu yang merupakan siswa-siswi SMPN 2 Girimarto saat mengisi kegiatan HUT RI ke-77 di Pendopo Kecamatan Girimarto.

Geguritan Jawa
Labuh Labet Ing Kamardikan

Dhuh kusumaning bangsa
Kados pundi caranipun nglampahi kamardikan?
Pangorbanan pancen wigati sanget marang bangsa
Pangorbanan ingkang kapisungsungaken marang bumi pertiwi

Napa kula kedah mandhap ing paprangan?
Napa kula kedah adus ludira?
Napa kula kedah kenging cublesing glati bangsa Walandi?
Kula estu boten mangertos kados pundi caranipun?
Kados pundi caos piwales sadaya pangorbanan?

Kusumaning bangsa lila legawa
Ngorbanaken bandha donya sarta jiwangga
Kamardikan bangsa boten saged karengkuh dening pribadi

Dhuh kusumaning bangsa pejuang bumi pertiwi
Kula saderma nglampahi kamardikan
Kedah siyaga ing gati ngisi kamardikan
Paprangan zaman sak menika boten kedah kebak ludira
Olah pikir olah rasa kedah sumadya
Adhedhasar Pancasila

Ngadhepi paprangan globalisasi
Budaya manca sampun ngantos ngiwa'aken budaya bangsa
Budaya bangsa minangka sumbering kekiyatan

Prakanca sampun ngantos supe marang budaya
Lestarining budaya awujud kurmat marang para kusumaning bangsa

Video Geguritan Jawa : Labuh Labet Ing Kamardikan

Post a Comment

0 Comments