Ticker

6/recent/ticker-posts

Adicara Ruwatan (Murwakala)

 

Sêsaji kanggo ruwatan

uwong JAWA - Kêjawèn - Ruwat, ngruwat, rumuwat, maruwat, mêruwat, muksa, moksa, mabulung, kuruswa têgêsé yaiku ngilangi, ngluari, mbuwang, ngrucat, ngrêsiki mêmala utawa bêbêndu. Wondéné tujuané ruwatan yaiku mêmala utawa bêbêndu kang wus kasandhang dadi rêsik lan ora bali manèh, satêmah manggih slamêt, rahayu, wilujêng nir ing sambékala.

3 pêrkara kang kudu diruwat

Apa waé mêmala utawa bêbêndu kang kudu diruwat? Ana 3 pêrkara kang kudu dèn ruwat, yaiku:
  • Wong kang nandang sêngkala. Yaiku yèn ana wong mati datan tinimbalan Gusti, apa dênê wong mati nglalu, bayi kang lahir ing dina sêlasa wagé utawa jum'at kliwon diarani kena sêngkala kêbo kêmali, wong kang lumaku wayah bêdhug utawa wayah surup ora lèrèn diarani bathang lêlaku.
  • Désa kang kêsampiran kunarpa. Yaiku mbok mênawa ndésané ana wong kang mati ing kono nanging kang mati mau dudu kalêbu warga désané déwé.
  • Wong kang nandang sukêrta. Yaiku:
    1. Wong kang duwé anak lanang siji diarani ontang-anting.
    2. Wong kang duwé anak wadon siji diarani unting-unting utawa lumunting.
    3. Wong kang duwé anak loro lanang wadon diarani kedhana-kedhini.
    4. Wong kang duwé anak loro lanang kabèh diarani ugêr-ugêr lawang.
    5. Wong kang duwé anak loro wadon kabèh diarani kêmbang sêpasang.
    6. Wong kang duwé anak têlu lanang kabèh diarani cukit-dulit.
    7. Wong kang duwé anak têlu wadon kabèh diarani gotong mayit.
    8. Wong kang duwé anak têlu sing wadon manggon têngah diarani sêndhang kaapit pancuran.
    9. Wong kang duwé anak têlu sing lanang manggon têngah diarani pancuran kaapit sêndhang.
    10. Wong kang duwé anak papat lanang kabèh diarani saramba.
    11. Wong kang duwé anak papat wadon kabèh diarani sarambi.
    12. Wong kang duwé anak lima lanang kabèh diarani pandhawa.
    13. Wong kang duwé anak lima wadon kabèh diarani pandhawi.
    14. Wong kang duwé anak lima sing lanang manggon ngarêp déwé diarani banthèng ngirit jawi.
    15. Wong kang duwé anak lima sing wadon manggon ngarêp déwé diarani jawi ngirit banthèng.
Kabèh kuwi mau wis uwal saka mêmala utawa bêbêndu mênawa wis adus sêndhang pangruwatan. Banjur kêpiyé tatacara lampahing adicara pangruwatan utawa murwakala? Adicara pangruwatan dilakoni kanthi nanggap wayang kulit pangruwatan kanthi dhalang turunan. Dhalang mau kang bakal maosaké buku jabul pangruwatan.
Tuladha adicara pangruwatan sagêd dipun tingali wontên ing vidéo ngandhap mênika:

Post a Comment

0 Comments